Mlaku-mlaku ning Malioboro Menawi sayah numpak becak luwih sekeca Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura
Gunung Merapi rupane biru dicedaki dadi ijo wit-witan cemara Menawi kula gadhah keliru nyuwun agenging samudra pangapura
Numpak andhong ning Kota gedhe,tuku ali-ali kagem eyang putri.Bilih aku nduwe luput gedhe,nyuwun kawelasan sampean ampuni.
Gunung Merapi, Gunung Merbabu,tansah jejer kaya sedulur kembarAku sing wis tau nglaraake atimunjaluk samudra pangapuramu kang jembar
Nagara tentrem amarga para satria pinandhita,bengi shalat tahajud, awan sregep makarya.Sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapura Latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa
Srengenge Idul Fitri anggawa pangarep-arep,silaturahim kanggo lantaran rumakete ati.Kita sedaya caos pangapura kanthi mantep nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati
Ning gunung ketur tuku bolah,kanggo ndodomi sajadahe simbah Dudu salahmu sing gawe susah,nafsu amarahku sing gawe bubrah.
Menek wit pelem ora kudu ahli,jalaran duwure ranganti rong meter Sugeng riyadi Idul Fitri,donga-dinonga kita satya ning dalan bener
Udan-udan ngeyup ngisor wit gedhang,wegah sangu payung amarga ngrepotiPangapura sampeyan kulo gadang-gadang kita raketke pasederekan ing dina riyadi.
Bayi lahir mestine nangis,gawe gila nek ngguyu mringis.Lebaran sungkem wongtuwo ojo lalikang ngrumat awakmu wiwit bayi
Gulu banyak dowi banget,dianggo nyosor sikile cah nakal.Salahku marang awakmu akeh banget dina riyadi nyuwun salahku diparingi halal
Gudheg Wijilan kondang ning JakartaGudheg areh rasane enak tenan Kula caos sugeng hari raya Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan
Pitik kate rupane putihPitik alas rupane coklat Idul Fitri ati manungsa bali putihhawa-nafsu dikendali kanthi tobat
Pinggir ratan Imogiri dodol kupat lebaran,mbiyen Pakdhe sing ngajari gawe nam-naman Lebaran kesempatan golek tambahan ora kudu ngentekke duwit celengan
Kulak klambi ning Beringharjo kanggo di sade meneh ning ndesa Lebaran kula tambah pametu arthaamarga warung akeh sing blanja
Gunung Imogiri papan rekreasi sade selendang mbok menawa payuLebaran sedaya lepat nyuwun diampuni mugi-mugi kita sedaya tansah rahayu
Dudu sanak dudu kadang nek kepentung prayoga dicaosi pitulung Lebaran kula sowan eyangdosa kalangkung nyuwun diparingi ampun
Kartu,pantun dan sms lebaran bahasa jawa
Mbok Setro bakul tempe gawe sehat wong sak ertemarga tempe akeh proteine Lebaran ora kudu ganti hapesing penting kendali diri ora nggape hawa-nafsu sing nggugu karepe dewe
Gundul-gundul pacul maculi kalen ngresiki sampah ben ora mbunteti ilen Gawe bludrek menawi luputku di simpen,langkung sekeca menawi kersa maringi pangapunten
Ing dina fitri punikasampun lepas mantol kulasampun mengkup payung kulasampun ndaplang tangan kulasiap klebus diudani pangapura saking ati andika ingkang sajembar samudrasudi haparing hapunten sedaya kaluputan kulaTan kena udan pangapura andika redasak durunge nglunturake sakabehe dosaTan kena srengenge ngetokke sinarirasak durunge luput kula klentir ing banjir pangapura.
Macan tutul ngoyak menjangan,pratanda hukum keseimbangan alam,cacah menjangan disuda ben ora rebutan pangan.Dina lebaran kula nyuwun kawelasan,panjenengan ingkang kagungan ati jembar kaya lapangan,sudi maringi kula pangapura tumrap sadaya kalepatan.
Naliko burung hantu pada dipulut,tikus-tikus merajalela marga ora ana sing nyaut.Dina lebaran kawula nyuwun hapus sedaya luput,sakwise pasa mugi-mugi amalan kita mboten surut.
Sumber;http://www.toppuisi.com/toppuisi/category/koleksi-pantun/
Selasa, 13 Januari 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)



0 komentar:
Posting Komentar